Ora mung warnane, nanging bathikan ulune (sayap) ya maneka warna. Malah ana sing bathikane yen dimat-mati ngandut mistis. Kaya kupu utawa klaper sing ditemokake Maarif, 35, kang manggon ing Jl Munharto, Kedungkandang, Malang. “Wektu kuwi aku heran ana kupu mlebu omah, tapi kok endhase ana gambare,” kandhane Maarif kaya sing kapacak ing Harian Surya, Rebo (7/1).
Kupu sing ditemokake Maarif nalikane nekani arisan neng omahe sedulure, Jl Mergosono iku, bathikane mirip tengkorak. Anehe maneh, bathikan tengkorak sing didominasi rupa ireng lan soklat iku, persis neng endhase kupu. Sak nalika kupu iku gegerake Malang. Atusan wong antri saperlu deleng kewan sing saiki disimpen ing jero toples. Nuwun
Foto: Nedi Putra AW/Surya